KALA CORONA

 

Kelakone kalihewu kalihdasa

Nusantara lan sakeh bangsa sadonya

Nandhang roga wit corona kang tumama

Pepindhane lir pageblug mayangkara

 

Kabeh jalma tan kepareng ninggal griya

Kakung putri mangun karya saking wisma

Lan prawira ngudi sehating jiwangga

Karya srana memala glis kabirata

 

Reff.

Para medis cancut taliwanda

Mbudidaya lan paring usada

Para mudha tanggap ing sasmita

Paring boga lan dana warata

 

Sejatine lelakon ngemu surasa

Kang sinangling ing panandhang kang tinampa

Mrih kabuka manahing para manungsa

Tresna GUSTI karana tresna pepadha

 

 

 

=0000=

 

 

Lagu dan syair         : Agus Kelik

Vokal                       : Agussulis

Aransemen musik   : Wahyu Edi S.

 

Rekaman                  : Didit KOMSOS Sby

Penata gambar         : Ag. Ferdian DP